kang wus menep ing jejantung sang paniti sastra
kang lagi nandang wuyung
kabuncang rasa tresna
nanging akhire cinidra
nalika gurit iki kawaca sliramu
lamun ambyar sanalika
amargo aboting rasa kang nyuwiji ing ati
tan kuwales ira
kadya tirta kang amung bisa pasrah mring kalakone nasib
sambunging crita
rasa kang wus manjing ing manah sang paniti sastra anjilma wisa
kaya ladhing kang tumancep ana jaja


0 Komentar