dudu Setu uga dudu Minggu
cahyane pasuryanmu kang ayu
agawe tentreming atiku...
yen saya suwe taksawang
tansaya ajrih anggonku krasa tresna mring sliramu.......
Tresna iku asale saka mata
ing atiku karep nanging ilat rasane cupet
langit mendung kutha Salatiga
dadi saksi gelaning awakku
mendung ora udan
padang uga ora panas
krasa adem nyawang sliramu
duh cah ayu........tresna tanpa kandha
kang dadi lelakonku
agegawe laraning atiku
lara kang ora ngetara ana sakjroning jaja
langit mendung kutha Salatiga
yen udan dadio banyu…… kanggo ngumbah atiku
yen panas ilangano mendungmu
supaya padhang sinaring surya bisa tembus ing jantungku
kanggo nambani laraku..
langit mendung kutha salatiga
rungokna ucapku
angucap gurit katresnan jampi wuyungku
saksenana lelakonku tumrap marang nasibku
kang amung bisa pasrah mring Alloh pangeranku....
Agustus 2009


0 Komentar